Zingiberales

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Zingiberales
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Tracheophyta
Klad: Angiospermae
Klad: Monokotil
Klad: Commelinids
Ordho: Zingiberales
Suku

pirsani tèks.

Zingiberales iku bangsa tetuwuhan ngembang sing kalebu sajeroning klad commelinids (”core monocots”), monocots miturut Sistem klasifikasi APG II). Bangsa iki uga diakoni minangka takson sajeroning sistem klasifikasi Cronquist lan kacakup sajeroning anak kelas Zingiberidae, kelas Liliopsida. Sajeroning sapérangan sistem sadurungé, bangsa iki dijenengi Scitaminae.

Anggota-anggotané sing paling ditepungi yaiku minangka gedhang, kana, garut, sarta manéka jaé-jaéan.

Suku/familia

[besut | besut sumber]

Sistem Cronquist lan sistem APG II sepakat karo anggota-anggota bangsa iki sing gunggungé wolung suku:

  1. Strelitziaceae
  2. Heliconiaceae
  3. Musaceae
  4. Lowiaceae
  5. Zingiberaceae
  6. Costaceae
  7. Cannaceae
  8. Marantaceae