Rawa Upo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Rawa Upo

Rawa Upo (우포늪) ya iku sawijining dataran teles kang dumunung ing kabupatèn Changnyeong, Gyeongsang Kidul, Koréa Kidul.[1] Rawa iki minangka péranganing dataran teles lan rawa alami kang paling amba ing Koréa kang dadi panggonan pelestarian ékologi.[2] Rawaliyané ing panggonan iki ya iku Mokpo, Sajipo, lan Jjokjibeol.[1] Ambane Rawa Upo ngancik 2 juta m².[3]

Rawa Upo duwé peran wigati minangka panggonan rembesing banyu kang bisa ngeculake lan nyimpen banyu.[1] Saliyané iku, kawasan iki nyediakake habitat kang ideal kanggo iwak lan kéwan-kéwan banyu liyané.[1] Ing mangsa banjir amarga kali Nakdong kakehen, level banyu ing rawa Upo dhuwuré ngancik 5 mèter saka jerone, kanthi kapasitas banyu 134 juta mèter kubik banyu kang mbantu ngendalekake sistem banyu lan duwé manfaat kanggo saluran irigasi.[1]

Flora lan fauna

[besut | besut sumber]

Panggonan iki akèh spésies tuwuhan lan nyediakake habitat kang apik tumrap panguripan fauna.[1] Banyu rawa nyediakake nutrisi kang akèh kanggo tuwuhan, manuk, iwak lan kéwan liyané.[1] Rawa duwé total flra lan fauna 1.772 jinis kalebu tuwuhan, iwak banyu tawar, manuk, gegremet, lan invertebrata kanthi rincian 435 jinis tuwuhan kang minangka konsèntrasi 50-60 % saka sekabehing jinis tuwuhan ing Koréa.[1]

Jinis tuwuhan kang umum, kaya ta duckweed (Spirodela polyrhiza), chestnut air (Trapa japonica flerow), lan frogbit (Hydrocharis dubia) kang maujud sesawangan ijo kang nylimuti rawa.[3] Jinis tuwuhan liyané ya iku sesuketan rawa Mischantus sacchariflorus, Bulrushes (Scirpus maritimus), pari alasan (Zizania latifolia), lan club rushes (Scripus lacutris).[3] Tuwuhan dedalu kaya ta jinis Salix koreensis lan Salix gracilistylia, urip subur.[3] Tuwuhan-tuwuhan iki dadi papan panggonan pirang-pirang jinis organisme ing antarané ya iku siput misteri cina (Cipangopaludina chinensis malleata), iwak, gegremet lan manuk-manuk kang cacahé punjul 350 jinis.[3]

Ing rawa iki ana orservatorium kang minangka ngemati wewengkon sakiwatengene rawa lan manuk-manuk alasan.[3] Jinis kang habitate ana ing rawa kaya ta bango klawu, bango salju, bèbèk berbintik, pitik banyu lan lya-liyané.[3] Golongan manuk padha teka kanggo golèk panganan ing panggonan iki.[3]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h Lee, Yong-su (Autumn 2000). "Upo Wetlands" (PDF). Koreana. 14. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2016-03-05. Dibukak ing 2011-08-13.
  2. Telur burung ibis berjambul berhasil ditetaskan di rawa Upo[pranala mati permanèn], kbs. Diundhuh tanggal 2 Juni 2010.
  3. a b c d e f g h Bae Han-Bong (2007). "Changnyeong—Reminders of the Past Offer Hope for the Future" (PDF). Koreana. 21: 65–73. Dibukak ing 16 Juli 2010. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)[pranala mati permanèn]