Magnèt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Magnet

Magnèt, wesi berani utawa magnit yaiku obyek kang duwé médhan magnèt.[1] Tembung magnèt (magnit) asalé saka basa Yunani magnítis líthos kang tegesé batu Magnesian.[1]Magnesia yaiku jeneng wewengkon ing Yunani ing jaman kapungkur lan saiki jenengé Manisa.[1] Laladan iki saiki manggon ing wewengkon Turki). Ing laladan iki ngandhut watu magnèt kang tinemu wiwit jaman biyèn.[1] Magnèt yaiku obyek utawa matéri kang duwé médhan magnèt.[1] Matéri iki bisa awujud magnèt tetep utawa magnèt ora tetep. Magnèt kang saiki ana lumrahé kagolongaké magnèt gawéan.[1] Magnèt duwé kutub kang cacahé loro yaiku kutub utara (north/ N) lan kutub selatan (south/ S).[1] Sanajan mangnèt dikethok-kethok, magnèt kang wis dikethok-kethok mau tetep duwé rong kutub magnèt.[1]

Magnèt bisa narik barang liyané.[2] Ana uga barang-barang kang ketarik kuwat karo magnèt tinimbang barang-barang liyané.[2] Barang iki yaiku bahan kang digawé saka logam.[2] Nanging saben logam siji lan sijiné duwé daya tarik kang béda-béda tumrap magnèt.[2]Wesi lan waja kalebu logam kang duwé daya tarik kang kuwat karo magnèt, nanging oksigèn cair kalebu matèri kang duwé daya tarik kang kurang kuwat tumrap magnèt.[2]

Magnet gaweyan

Magnèt gawéan yaiku magnet kang pancén sengaja digawé, magnèt gawéan iki kang lumrahé dianggo saiki.[2]

Wujud magnèt gawèyan yaiku:[2]

  • Magnèt U
  • Magnèt ladam
  • Magnèt batang
  • Magnèt lingkaran
  • Magnèt jarum (kompas)

Ngilangke sipat magnet

Cara ngilangaké sipat magnèt yaiku:[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h scribd.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i oersted.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)